Kamis, 05 November 2015

Rangking

Kelingan jaman SMA. Mbiyen nalika aku SMA, rangkingku nomer 28 seka murid kang cacahe 32. Pendhak ulangan mesthi mung kaya kethek ditulup. Plonga-plongo. Ning nek saben ulangan, atiku tentrem, amarga nyawang kancaku sing rangking 31 lan 32. Sing rangking 31 wonge nyantai pol. Jarene: isih ana sing rangking 32.

Jare kancaku sing rangking 32: "Aku iki nurun kancaku wae salah, apamaneh tak garap dhewe." Akhire pendhak ulangan ra tau digarap.

Kekarone saiki dadi wong misuwur. Lha njuk terus apa gunane kanca-kancaku liyane mbiyen padha mempeng sinau?

(Puthut E.A.)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar